Sabtu, 22 Januari 2011

Geguritan

Kekarepan Suci

Atiku...
Ngambang kaya layangan...
Mobat mabet ning duwur mega...
Udan tangis...
Kang tansah nyiram jiwa ragaku..
Kaya bledek nyamber...
Kang tansah dadi lelakonku...
Rina wengi tansah memuji..

Duuuh Gusti....
Paringana kekiatan...
Anggen kawula jumangkah...
Nggayuh kekarepan ingkang suci...
Kanggo nyambut tumuruning ilmu...
Kang lahir batin tulus...
Dak anti... Nganti tumekaning pati..